Jumat, 13 Mei 2016

Cerkak

Nah teman teman, pada postingan pertama ini saya akan membagikan cerita pengalaman saya dalam bentuk bahasa jawa/cerkak
CurugPletuk
Dening Brigit Aharon X TKJ 2
Esuk iki pas dina minggu, aku lan kakangku ngajek kanca-kanca padha maring pletuk. Pas nang dalan kancaku padha foto-foto, aku diprentah moto kancaku sing arane Ulya.
Ulya“Zi, aku njaluk tulung olih ora ? tulung motokna aku lan kakangmu, iki camerane. Kandhane kancaku karo ngulungna camerane.
Pas aku arep moto, kancaku wes ngomong yen dalane agi lunyu wong pas kuwe agi mangsan udan.
Ulya“Ati-ati Zi, dalane gi lunyu-lunyu mbokan keplarak. kandhane Karo action-action.
Aku:  “njaluk di motokna be kakean omong. !” nggresahe batinku.
Tapi aku ora ngringokna sing di omongi kancaku miki. Temenan,  pas aku agi moto kancaku, aku mundur-mundur ora weruh yen dalan kuwe wes bodhol lan lunyu. Ora nganggo suwe, aku keplarak klambine lan tase glepotan belet tok.
slaraaaaakkkkkkk…… gabruuuugggg !!!
Aku: “aduuuh tulungi ki aku keplarakk..(karo nahan lara).
Kanca-kanca:  “hahahahhaa…(pada guyuni aku kabeh).
Aku:  “bukane nulungi malah diguyu..Ooooo pancen kaa..!!!! (Mandan mangkel).
Kakangku: “lhaa miki wis dikandhani kudu ati-ati, malah ra digubris. !ya ngono rasakke dewek. hahaha ndais pora. (ngledhek).
Aku diguyu marang kancaku lan kakangku. Jan rasane isin banget, gara-gara ora ngringokna apa sing di kandhani marang kancaku. sedalan-dalan kancaku ora rampung-rampung guyuni aku pas keplara kmau. Pas kancaku agi guyu-guyu, kancaku mlakune dleseran ora genah, kakangku wis ngandhani yen dalane bodhol lan mlakune kudu ati-ati.
Kakangku: “awas Ul mbokan keplarak kaya adine aku miki” kandhane kakangku marangUlya.
Ulya: “halaah wis tenang bae, aku ra bakal keplarak kaya adimu (Mandan nggaya).
Aku: “awas bae nek keplarak, bakal tok guyu ngasi tekan pletuk. !
Sawise kuwe,ijig-ijig aku krungu nang mburi ana suara makgabruk kaya wong gulung. Aku nylinguk marang mburi,  jann temenan kancaku padha bae keplarak kaya aku mau.
Aku: “Hahahaha, rasakna kuwe, mulane aja nggaya. ! (guyu kepingkel-pingkel).
Kakangku: “hahahahah…. Lha kuwe temenan keplarak sii, butuh pitulung ora kuwe ?! (guyu ngakak karo mandane ngledhek).
Ulya: “weleeeeh padha ngenyek temen kuwe, ya butuh ka mage lah cepet ditulungi. ! (karo gela lan nahan isin).
Sawise kedadean miki, saiki mlakune padha ati-ati banget, mergane mbokan ana sing keplarak maning si. Ora suwe mlaku, aku, kancaku lan kakangku tekan pletuk. Jan rasane seneng banget wis tekan pletuk, angine seger, akeh wit-witane. Aku, kancaku lan kakangku padha jeguran nang curug pletuk nganti padha kanyesen. Sawise iku, aku njaluk bali, amarga wis banget kanyesene. Nang dalan, aku, kancaku lan kakangku padha kandhahan lan ora lali padha foto-foto. Jam 15.30 tepate, aku ,kancaku lan kakangku tekan omah. Jann rasane kesel banget, tapi seneng olih pengalaman sing lucu lan bisa di dadikaken palajaran kanggo aku lan sekabehane.
Rampung :)
Nah teman-teman itu pengalaman saya, lucu kan ? hehehe terimakasih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar